Tembang Durma, Munduring Tata Krama

Hai icespirit ini merupakan postingan tugas Bahasa Jawa mengenai tembang Durma semoga bisa membantu. 
Durma
Munduring tata krama.

Durma dijupuk saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Ing cerita wayang purwa ana akeh tokoh saka kalangan “ireng” kang ala.

Misal’e : Dursasana, Durmagati, Duryudana.

Ing terminologi Jawa dingerteni akeh nganggo suku kata dur/ dura (nglengkara) sing makili makna negatif (awon).

Tuladha : duraatmoko, duroko, dursila, dura sengkara, duracara (omong ala), durajaya, dursahasya, durmala, durniti, durta, durtama, udur, dst.  

Tembang Durma, diciptake kanggo ngingatke karo ngambarake kahanan manungsa sing luwih seneng lelaku ala. Manungsa seneng udur utawa cekcok, nggolek menang lan benere dewe, ora gelem mahami perasaan wong liya. Sawetara manungsa luwih akeh meloki hawa nafsu kang dirasakake dewe (nuruti rahsaning karep). Senadyan ngerugi’o wong liya ora peduli maneh. Nasehat bapa-ibu wes ora digubris lan direken maneh. Lali awak tansah ngerasa iren ati. Manungsa masiyo ora gelem dilara’ake, nanging seneng ngelaraake ati. Seneng dalih niat apik, nanging ora peduli cara kang kurang apik. Ngunu kuwi kahanan’e manungsa ing planet bumi, seneng padu, emosi, ora iso dikendalio, nyelakai, dan ngelarake. Mila ati-ati, lan tangsal eling lan waspadha.

Miturut Hardjowirogo, Tembung Durma nduweni teges “sima” kang tegese macan. Macan kang nduweni sipat galak, banjur bisa digayutake karo wateke tembang Durma yaiku galak; muntab. Tembang Durma biyasane kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kang ing crita perang

Sifat :
Tembang durma ngemu sifat : galak, nesu.
Wewaton :
·         Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada.
Ing durma ana: 7 
·         Guru wilangan : wilangan wanda saben gatra.
Ing durma ana : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
·         Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Ing durma ana : a, i, a, a, i, a, i

Teges :
Benar dan salah, untung dan rugi
Ditentukan oleh
Diri sendiri
Bukan orang lain
Karenanya berhati-hatilah, tuan
Sekarang banyak tipu muslihat
Sadar selalu, Tuan

Arti Tembang Durma :


Bener luput ala becik lawan begja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati-ati
Sakeh dirgama
Singgahana den eling


Ini adalah tugas bahasa jawa tentang tembang durma semoga bisa membantu.

Cr  : sebenarnya ini ada bagian yang bahasa indonesia tapi saya translate. 
http://sinaunembang.blogspot.co.id/p/blog-page_742.html 
http://marsudiyanto.blogspot.co.id/2016/02/kasusastran-jawa.html
https://sabdalangit.wordpress.com/2009/06/01/makna-tembang-macapat/

2 comments:

  1. Makasih kak saya ada tugas nyari di googe rata rata bahasa indonesia. Makasih

    ReplyDelete
  2. Makasih kak saya ada tugas nyari di googe rata rata bahasa indonesia. Makasih

    ReplyDelete